Kerata basa lengkap

Kerata basa adalah sebuah makna dari pada kata yang sering dikaitkan dengan kehidupan dan juga dapat dimaknai sebagai kepanjangan/ singkatan dari suatu kata tersebuttertentu, sehingga satu kata tersebut dapat menyiratkan makna kalimatnya. Kerata basa juga sering disebut sebagai Jarwa Dhosok, yang berarti penjabaran/keterangan (jarwa) yang disingkat (dhosok/ndhesek). Kata “Kerata basa” sendiri berarti asal-usul kata.

namun demikian adapun kata yang sudah terbentuk kebanyakan hanya di otak-atik maknanya sehingga cocok dengan kata tersebut, karena jaman dahulu orang jawa sangat kreatif dalam mengolah kata sehingga terlihat seperti bahwa kata tersebut adalah penggabungan dari pada kalimat yang di buatnya.

berikut contoh kata yang tergabung dalam kerata basa:

  1. Anak : Karep apa-apa kudu ana lan enak
  2. Adik : Anggere di didik
  3. Ayu : Parase gampang payu
  4. Bapak : Bap apa-apa pepak
  5. Batur : Embat-embating tutur
  6. Bocah : Mangan kaya kebo, gaweyane ora kecacah.
  7. Brekat : Dideleh mak breg terus diangkat
  8. Buta : Kalbu sing ora ditata
  9. Cangkem : Yen ora dicancang ora mingkem.
  10. Cangkir : Kanggo nyancang pikir
  11. Cengkir : Kencenge pikir
  12. Dhalang : Ngudhal piwulang
  13. Denawa : Ngeden hawa (ngumbar hawa napsu)
  14. Desember : Gedhe-gedhene sumber
  15. Dongeeng : Dipaido ora mengeng
  16. Garwa : Sigaraning nyawa
  17. Garbu : Yen ora mbegar ora iso mlebu
  18. Gedhang : Saged padhang, digeget bar madhang.
  19. Gerang : Segere wis arang-arang
  20. Guru : Digugu lan ditiru
  21. Gusti : Bagusing ati
  22. Januari : Hujan saben ari
  23. Kaji : Tekade siji
  24. Kathok : Diangkat sitok-sitok
  25. Kodhok : Teka-teka ndhodhok.
  26. Kotang : Sikute diutang
  27. Krikil : Keri ing sikil
  28. Kupat : Ngaku lepat
  29. Kuping : Kaku njepiping
  30. Kupluk : Kaku nyempluk
  31. Kursi : Yen diungkurake banjur isi
  32. Ludruk : Gulune gelo-gelo, sikile gedrug-gedrug
  33. Maling : Njipuk amale wong sing ora eling
  34. Mantu : Dieman-emani meksa metu
  35. Maratuwa : Mara-mara ketemu tuwa
  36. Nopember : Ana sumber
  37. Ngelmu : Angele yen durung ketemu
  38. Oktober : Untub-untube sumber
  39. Pebruari : Yen mepe mburu ari
  40. Piring : Sepi yen miring
  41. Prawan : Yen pepara (leelungan) kudu wayah awan
  42. Saru : Kasar lan keliru
  43. Sejarah : Sejan ngarah (yen dina riaya/Idul Fitri)
  44. Sekuter : Sambi sendheku mlayu banter.
  45. Sepuh : Sabdane ampuh
  46. Setir : Senajang singset tetep bisa muntir
  47. Simah : Isine omah
  48. Sinom : Isih enom
  49. Sirah : Isine rah
  50. Siti : Isine bulu bekti
  51. Sopir : Yen ngaso mampir (ing warung).
  52. Sruwal : Saru yen nganti uwal
  53. Sulap : Yen kesusu bakal ketilap.
  54. Tandur : Nata karo mundur
  55. Tapa : Tatane kaya wong papa
  56. Tarub : Ditata supaya katon murub
  57. Tayub : Ditata supaya katon guyub
  58. Tebu : Antebe kalbu
  59. Tepas : Titip napas
  60. Tumpeng : Tumindak sing lempeng
  61. Tuwa : Untune wis rowa, ngenteni metune nyawa
  62. Ukir : Ukurane pikir
  63. Wanita : Wani ditata
  64. Wedang : Dianggo gawe kadang
  65. Wedhus : Suwe ora tau adus
  66. Weteng : Ruwet tur peteng

Leave a Reply