T.
353. tebu tuwuh socane
– prakara kang wis apik, bubrah marga ana sing ngrusuhi
– masalah yang sudah selesai, rusak karena ada yang mencampuri
356. tega larane ora tega patine
– senajan negakake rekasane, nanging isih menehi pitulungan
– tega melihat sakit tapi tidak tega melihat matinya
357. tetek mati ing ulone
– nemoni cilaka marga saka guneme dhewe
– mendapatkan masalah karena dari ucapannya sendiri
358. tembang rawat-rawat, ujare mbok bakul sunambiwara
– kabar kang durung mesti salah benere
– berita yang belum pasti
359. timun jinara
– prakara gampang banget
– masalah yang mudah
360. timun mungsuh duren
– wong cilik mungsuh penguasa
– orang kecil lawan orang besar/ pemimpin
361. timun wungkuh jaga imbuh
– wong bodho kanggone mung yen kekurangan bae
– orang bodoh hanya dipakai jika kekurangan orang
362. tinggal glanggang colong playu
– ninggalake papan pasulayan
– meninggalkan tempat perselisihan
363. tulung menthung
– wis direwangi malah musuuhi
– sudah di tolong malah memusuhi
367. tumbuk cucukan
– wong sing seneng adu-adu
– orang yang suka mengadu domba
368. tuna sathak bathi sanak
– rugi banda, nanging bathi pasaduluran
– rugi harta tidak masalah yang penting jangan rusak persaudaraan
369. tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati
– prakara ala ngambra-ngambra, prakara becik kari sathithik
– orang yang hanya melihat kesalahan orang saja tanpa memandang kebaikannya
U
370. ucul saka kudangan
– luput karo gegayuhane
– tertimpa masalah
371. ulat adhep ati mantep
– wis mantep banget kekerepane
– sudah bulat tekadnya
372. undhaking pawarta , sudaning kiriman
– biasane pawarta iku bedo karo kenyataane
– biasanya ucapan beda dengan perilakunya
373. ungak-ungak pager arang
– ngisin-isini
– memalukan