W
374. welas tanpa lalis
– karepe melas nanging malah gawe kapitunan
– dikasihani malah bikin masalah
375. wis kebak sundukane
– wis akeh kaluputane
– sudah banyak salahnya
376. wiwit kuncung nganti gelung
– wiwit cilik nganti gedhe
– sudah lama banget
Y
377. yitna yuwana ati lena
– sing ati-ati bakal slamet, sing sembrana bakal cilaka
– yang berhati-hati akan selamat, yang sembarangan akan celaka
378. yiyidna mungging rampadan
– biyene wong durjana, siki wis alim
– dulunya orang jahat, sekarang sudah bertobat
379. yoga anyangga yogi
– murid nirokake pawulange guru
– murid mendengarkan ajaran guru
380. yuwana mati lena
– wong cilik uluh cilaka, merga kurang ati-ati
– orang baik kena musibah, karena kurang berhati-hati
381. yuyu rumpung mborong ronge
– omahe magrong-magrong nanging sejatine mlarat
– rumahnya besar dan mewah namun sebenarnya miskin