C.
66 . Cablek-cablek lemut
– Ora tau nindakake pegaweyan abot nanging penak banget uripe.
– tidak pernah bekerja susah tapi hidupnya sukses
67 . Cacah cucah caturan karo dhangkling
– Eman-eman caturan karo wong gendheng, marakake ora kajen.
– sia-sia membahas masalah dengan orang stress, buang-buang waktu
68 . Cangkem gatel arang mingkem
– Seneng nyatur ala.
– suka bicara kotor
69. Cangkem karut
– Nggragas, apa-apa doyan.
– apa-apa dimakan
70. Cangkem lunyu
– Ora kena dipercaya guneme.
– tidak bisa dipegang omongannya
71. Cangkem rusak godhong jati krasa opak
– Barang kang sejatine ora patut dipangan, meksa dipangan.
– sesuatu yang tidak pantas dimakan, dimakan juga
72. Cangkem urab-uraban
Seneng ngunen-uneni nganggo tetembungan sing saru.
73. Car-cor kaya kurang janganan
– Guneman sing ora patut , saru.
– perkataan yang kotor
74. Caruk banyu
– Gedhe cilik, ala lan becik dianggep padha.
– besar kecil, baik burung di samakan
75. Ceblok alu
– Giliran
– gantian/ antri
76. Ceblok kangkung
– Bakul sing nawakake dagangane kanthi mundhak-mundhak.
– pedagang yang menawarkan dagangannya dengan harga yang selalu naik
77. Cebol nggayuh lintang
– Tangeh bisane kaleksanan.
– lama bisa terlaksana
78. Cedhak kebo gupak
– Sesrawungan karo wong ala watege
– berteman dengan orang yang buruk sifatnya
79. Cegah dhahar lan guling
– Tirakat ngurangi mangan lan turu.
– prihatin mengurangi makan dan tidur
80. Cengkir ketindhingan kiring
– Arep omah-omah kepeksa durung bisa jalaran sedulure tuwa during omah-omah , arep nglangkahi ora wani.
– belum bisa berumah tangga, sebelum kakanya menikah
81. Cincing-cincing meksa klebus
– Niyate ngirit, malah ngorot, malah entek akeh ragade.
– niatnya ngirit malah boros
82. Ciri wanci lelahi ginawa mati
– Kelakuan ala marine yen wonge wis mati.
– prilaku jelek hilangnya setelah mati
83. Cecak nguntal cagak
– Panjangka kang nglengkara kelakone.
– seuatu yang sangat berlebihan
84. Colok lintang
– Lelungan wayah bengi tanpa obor
– pergi malam tanpa penerangan
85. Criwis cawis
– Dikongkon tansah madoni nanging gelem tandang
– di suruh membantah tapi dikerjakan juga
86. Cumbu laler
– Watege ora antepan, sok minggat.
– sifatnya tidak betahan, suka kabur
87. Cuplak andheng-andheng yen ora pernah panggonane
– Sedulur utawa kanca sing njalari ala prayoga disingkirake.
– saudara yang melakukan hal buruk lebih baik disingkirkan
88. carang canthel
– ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug
– tidak diajak bicara tapi ikut ikutan bicara
89. cethok gawel
– seneng cawe-cawe mesthi ora dijak guneman
– suka ikut mencampuri urusan lain
90. cedhak celeng boloten
– cedak karo wong ala bakal katut ala
– dekat dengan orang jahat bakal kebawa-bawa
91. ciri wanci lelai ginawa mati
– pakulinan ala ora bisa di owahi yen durung nganti mati
– perilaku jelek tidak bisa di rubah jika belum sampai mati